Babad Banjarnegara
Babad Banjarnegara ora bisa dipisah karo sejarah Kerajaan
Galuh Purba (dibangun adoh sedurung abad 5 Masehi). Kerajaan kiye dibangun
nang sekitar Gunung
Slamet ning bar kuwe pusat kerajaane pindah maring Garut - Kawali (abad 6-7
Masehi) mbentuk utawa ngelanjutaken pemerentahan nang Kerajaan Galuh
Kawali. Kerajaan Galuh Purba kuwe dibangun pendatang-pendatang sekang Kutai, Kalimantan ning sedurung agama Hindu melebu nang Kutai.
Keturunan-keturunan Kerajaan Galuh Purba kiye nerusna pemerentahan
Kerajaan nang Garut - Kawali (Ciamis) sing wis duwe budaya Sunda, terus sebagian campur
darah karo keturunan Kerajaan Kalingga (Dieng, Jawa Tengah).
Babad Banjarnegara juga ora bisa dipisah karo sejarah kerajaan Galuh Kawali sing
wilayah kekuasaane ngeliputi lewih separo wilayah Jawa Tengah siki (kemungkinan
tekan Kedu lan Purwodadi), dadi termasuk juga wilayah Banjarnegara karo
Banyumasan umume.
Babad Banjarnegara juga ora bisa
dipisah karo babad Kerajaan-Kerajaan utama nang Jawa Tengah antarane kerajaan
Kalingga, Kerajaan Mataram, Kesultanan Demak, Kesultanan Pajang lyy.
Wilayah
Kabupaten Banjarnegara sedurunge
dibagi dadi 5 Kawedanan/Kecamatan: Banjar, Singomerto, Wanayasa, Batur karo
Pagentan. Kawedanan-kawedanan liyane kuwe kasil pemekaran sekang 5 Kawedanan
kuwe.
Ibukota Banjarnegara
Ibukota Banjarnegara sedurunge
nang desa Banjarkulon, kecamatan Banjarmangu lewih dikenal Banjarwatulembu, terus pindah
ming sisi kidul Kali
Serayu, sing dipilih yakuwe daerah Banjar (siki Kota Banjarnegara) sing
dadi ibukota anyar. Daerah Banjar sing dipilih kuwe jane persawahan sing amba
pisan karo lereng-lereng sing curam. Arti kata Banjar yakuwe sawah, negara
utawa kota .
Bupati-Bupati
Jaman perang Diponegoro, wilayah Banjarnegara
dipimpin R. Mangun Broto karo Mas Ranudiredja ning bar perang kuwe rampung taun
1830, Sri Susuhunan Pakubuwono VII ngusulna R. Tumenggung Dipoyudo IV sing
wektu kuwe esih dadi penguasa nang kadipaten Ayah diangkat dadi bupati
Banjarnegara. Kadipaten Ayah dhewek statuse dihapus tur digabung karo wilayah
liyane.
Komentar
Posting Komentar