Kumpulan Geguritan Kelas L



UNGGAH-UNGGUH BASA
Manungsa……..
kudu kedah duwe budaya
budaya kang badhe sirna
iki budaya jawa
akeh tuladha kang nyata
bocah ora gelem basa
wong tuwa ora bias gawe tuladha
apa maneh sing mudha
            Mula para kanca
            ayo ndang nata budaya jawa
            basa karo wong tua
            ngendika nganggo basa karma
            sing sopan aja nyonto setan
            merga setan
            bisa ndadekake manungsa ora sopan
Iki tuladha dosen suyitna
mucal mahasiswa jurusan basa jawa
ndadeake manungsa duwe budaya
ora dadi sirna merga pada nggatekna

                                    Dening            : Dwi Purwanti / 6L / 07430537

TEMBANG JAWA
Jaman edan
jaman kang wis dadi jejulukan
wong lali marang budaya
uripe sansaya rekasa
anak lali marang wong tuwa
            Tembng jawa kang dadi parlambange
            budaya jawa wis dilalekake
            nanging kanapa…………….
            budaya iki ora dilestariake
            yen ora awake dhewe
            sapa sing arep nglestariake

                                    Dening            : Mifta Khasanah / 6L / 07430550
                         

BUDAYA
Jaman saiki jaman edan
akeh wong kng lali sejatine
amarga dilali-lali karepe dhewe
ora eling budaya kang ditinggalake leluhur
            Jaman saiki akeh wong kang rak duwe kabudayan
            akeh wong wedok kang mamerake aurate
            akeh wong kang ora duwe unggah-ungguh
            akeh wong nom ora basa marang wong tuwa
Kita generasi muda
kedah nglestariake budaya
mliginipun budaya jawa
amarga budaya jawa punika nggadahi nilai
estetis lan unsure-unsur inking sae

                                    Dening            :Eko Santoso / 6L / 07430538

KARAWITAN
Karawitan iku………
minangka gamelaning wong jawa
swarane sing merdu
bias gawe ati tentrem
tur ayem……….
sing sedih dadi seneng
sing sepi dadi rame
nanging kenapa…………….
kabudayan iku meh ilang
kita minangka
penerus bangsa
ayo padha nglestariake budaya bangsa
supados mboten sirna

                                    Dening            : Kartini / 6L / 07430548

GAMELAN

Mpyong-mpyong,mpyong-mpyong
dhupak-dhupak,prakatak-prakatak
gong……………..
swarane piranti music tanah jawi
kang swarane gawe tentrem ati
kabeh wong padha seneng merak ati
marang gamelan warisan saka tanah jawi

                                    Dening            : Tamrin Harjono / 6L / 07430566

JARAN KEPANG
Jaran kepang
budaya kang ana ing batang
sing main padha kesurupan
klakuane kaya setan
mangan kembang,menyan lan latam
beda karo sing maen karawitan
sing naboh asine ora karuwan
swarane ndadekake ati tentrem
adem,ayem lan padha mesem
pramila padha samia kembangna budaya jawa
aja nganti budaya jawa sirna

                                    Dening            : Dian Ayu Pramita / 6L / 07430535

LUNTURING BUDAYA JAWA
Wengi iku
rembulan sumunar madhangi latar
lintang pating gumebyar endah disawang
sepi yenyet
mung ana swara walang jangkrik
            Nanging iti iki wis bingung
            tumlawung ora karuan
            nalika ing jaman modern iki
            budaya jawa wis ilang saka tyasing para manungsa
            sing pinter padha keblibger
            sing nguwasani negara gumantung nepsu
            padha melu jaman modern kang sarwa edan
Endi.........endi................endi
budaya jawa kang ngutamaake unggah-ungguh
budaya jawa kang ngutamaake tepa selira
budaya jawa kang ngutamaake suba sita
            E...............para manungsa padha elinga
            ayo nindhakake budaya jawa

                                    Dening            :Amalianti Amrullah / 6L / 07430525

BATIK
Kain putih dilabur lilin sing digodhog
tangan-tangan luwes nyorekki ing tangan iku
batik............................
kabudayan sing ora intok dilalekake
paninggalan sin ora intok diilangake
batik..............................
nglambangake wong jawa
sing duwe tata krama

                                    Dening            : Dody Hajar Kurniawan / 6L / 07430536

JARAN KEPANG

Jaran Kepang
jaran kepang jarane wong jawa
yen dipakani ora doyan
yen dipecut ora gelem mlayu
            Jaran kepang
            umure wis atusan taun
            ora bisa mati merga umur
            ora bisa ilang kepangan wektu
Jaran kepang jaran kang sekti
sapa sing numpak bakal ilang
ilang kasadarane
lan ilang cekelan uripe
            Beling bisa kepangan kaya krupuk
            pitik enak dipangan mentah-mentah
            nanging dudu jarane sing mangan
            jin,setan,demit kabeh kuwii sing padha doyan.

                                    Dening            : Dhimas Permana Putra / 6L / 07430534

BUDAYA

Budaya......budaya......budaya
akeh budaya indonesia
larung nyadran sekatenan
wujud kabudayan
            Budaya...............budaya.........budaya
            jaipongan pendet selendang
            edi peni kaanane
            ati dada adem ayem tentrem
            ora mikir asma mawa title
Sedulurku.............
luhurna budayamu
dipikul dhuwur dipendem jero
nora dijarah negara liya
            Sedulurku................
            gunakna ilmu agama aja tinggalna budaya
            mrih bisa nata negara
            ngapusi rakyat padha tinggalna
kang saiki dadi budayane priyayi      

                                    Dening            : Agil Lulut Andi Winahto / 6L / 07430003

NGURI-NGURI KABUDAYAN JAWI

Semana uga jaman wis modern
pemudha lan pemudhi jawa
wis ora katon keawanane
kenging apa ta jan-jane.................
            Jebule wong enom saiki
            padha ora duwe budaya
            wong tuwa padha bae
            ora bisa dadi tuladha
            akeh menungsa ora nganggo tata krama
            ora sopan anggone sesrawungan
            klakuwane kaya setan
            ora ngelingi budaya jawa
            kang sejatine katon endah
Para mudha ayo padha nguri-nguri kabudayan jawi
ngendika nganggo basa krama
marang wong tuwa
kaya mengkono bisa ndadekake
manungsa jawa sejatine
manungsa kang nduweni edi peni
lan jiwa luhur kng becik

                                    Dening            : Sri Diana Sari / 6L / 07430564

ILANG

Budaya akeh wong duweni
kabudaya kang werna-werna
sayuk rukun kang bangun kabudayan
kabudayan................
saiki ana ngendi
ilang tanpa bekas
sapa kang bakal lumakuake maneh
tak rsak-rasake
suwe-suwe manut budaya kulon
suwe-suwe ilang kabudayane
wujuding werna-werna
kabudayan kudu dilestariake
kabudayan duweke wong jowo
kabudayan kang endah

                                    Dening            :Fitri Setyowati / 6L / 07430542

BIYUNG KARTINIKU

Ibu...............
mamah..............
mami....................
emak.................
simbok.................
biyung............
            Kabeh iku ora beda
            mung lumunture rasa
Rasa akeh sulaya
rasa akeh cidra
rasa akeh sirna
ya,panjenengane sira
kang wus nggogroh sukma
            Atiku tetep mantep
            atiku tetep madhep
            setya marang sira
Aku ora bakal lila
saeba kasiya-siya
duh biyung...................
paduka swargaku
ibu kartiniku
budaya lan bangsaku
uripa sewu taun maneh
supaya budayane lestari
budaya kang mumpuni
mumpuni para lare



            Biyung..............
            kartiniku
            anggun lakumu
            endah pasuryanmu
            kartiniku
            tauladhan para mudhi

                                    Dening            : Nurul Latifah / 6l / 07430557

KABUDAYANKU

Katon endah yen disawang netra
katon ayem ing sajroning manah
ora bisa dilalekake
ora bisa digantekake
kabeh wis nyawiji ing jiwa raga
jiwa raga saben manungsa
            Kanggo njaga lestarimu
            apa sing bisa daklakoni
            apa sing kudu tak tindakake
            apa..................?????????????
Aku iki sawijining manungsa
manungsa kang mung bisa tresna
tresna marang kaendahanmu
tresna marang kabudayanku

                                    Dening            : Ika Yuliandari / 6L / 07430546

SATRIYO BUDAYA

Budaya kang suci minulya
tansah ngedap-ngedapi
gawe kepranan ati

Budaya kang suci
saiki ana ngendi….?
akeh kang wis padha lali
marang jati dhirine jawi

Budaya kang minulya
saiki wis meh muspro
kapendem ing sajroning bumi
lan tilas sak dhuwuring langit
para satriyo mudha lan wicaksana
ngemana budaya jawi kang prasaja
balik ing sajroning lebur pangastuti
binangun bumi kang pengkuh lan moncer
budaya kang tansah
dadi kang utami
sak lebeting jagad iki
                                                Dening : Cipto Arif Laksono / 07430532 / 6L

CANDI

Candi kasebut ing nuswantara
rikala jaman semana
tinggalan minangka bukti
ingkang awujud candi

Candi kang dadi salah siji
tapak tilase raja-raja biyen
dibangun minangka symbol
kakuwasaning nagari

                                                Dening : Ani Rini Musridah / 07430527 / 6 L

SAWALAN

Kaliwungu
ing sasi sawal
tradisi sawalan gumebyar
soroting damar
ing alun-alun dadi panggonan
wiwit esuk tekan esuk

Kaliwungu Kuthaku
ramene seminggu
sasi sawal setahun sepisan
alun-alun papan panggonan

Pratamulya
tanggal wolu sawal
wong-wong padha nyekar
nyekar ing sarean
sunan katong lan sunan pakuwaja

Kaliwungu
seminggu ramene kutha
kaya-kaya ora krasa
kaliwungu wis kliwat sasi sawal
banjur ngenteni setaun ngarep

                                                Dening : Nur Rofiq / 07430556 / 6L

PUNGKASANING JAMAN

Tanpa layang tanpa pungkasan
apa iki pungkasaning jaman
suwarga dadi neraka
Ardi dicukur bothak
wit-witan gumletak
segara saya jembar
Dhuh gusti kang Maha Kuwasa
panjenengan ngapunten dosa kawula
Mugi leren kabeh bencana
supaya kasembadan gegayuhan kula

                                                Dening : Sekar Ayu Panuntas / 07430561 / 6L

KESENIAN BUDAYA JAWI

Wayang ……
maneka warna jenisipun
ana wayang golek, wayang wong lan
wayang  kulit
wayang kulit digawe saka kulit
wayang wong digawe saka wong
wayang golek digawe saka kayu
menika kesenian ingkang ngisi kalbu
ingkang kepatri ing jero ati
ngantos akhire bumi
budaya jawi tetep
kepatri ing jero ati

                                    Dening : Abdul wachid / 07430520 / 6L


ILANGE KABUDAYAN KITA

Jaman saiki jaman kang wis tuwa
jaman saiki wis dadi jaman modern
jaman tradisional mbuh ning endi dununge
wis kaseger dening modernisasi
Wong jawa wis ora ketok jawane
wis ora ngerti budi lan kertine
wis padha ora ngerti unggah-ungguh
Anak wis ora bekti lan urmat wong tuwane
cah sekolah wis ora ngormati gurune
rakyat ora urmat marang pimpinane
Jaman saiki
namung padha golek simpatine rakyat
supaya bisa dadi wakil rakyat
bisa nglindungi lan gawe kasejahteraan rakyat
nanging kasunyatane, namung padha golek rupiyah
rupiyah olehe ngapusi dhuwite rakyat


Endi kabudayaan kita kang adi luhur ?
kang ora ana tandingane
kang dipuja-puji dening rakyat 

                                                            Dening : Herlani hidayanti / 07430545 / 6L


GAMBYONG

Sumurupe surya ing wayah wengi
gawe tentrem ing ati iki
nalika awak kang luwes iku
gawe gerakan kang ora biyasa
ora biyasa di gerakake
lan uga ora biyasa disawang
gambyong kang dadi ,
beksane wong jawa
gambyong kang dadi
uripe wong jawa
bakal tetep ana
saklawase wong jawa iku ana

                                    Dening : Siti gunawati / 07430562 / 6L

KABUDAYAN SAIKI

Surya kang tineba ing alam donya
kang kathithik saka pangeran kang kuasa
rupa rampe donya kang isine maneka werna
kasorot sapolahe
wiwit manjing ing esuk
nganti tekan lingsir ing wayah wengi
candra kang nyorot ing wayah wengi
dadi saksi marang ingsun
ingsun kang nguciwani
ingsun kang mardekani
kang ndadekake abot lawan enteng
marang kabeh kawulane

                                                Dening : Ahmad Ari Subkhan / 07430522 / 6L

NGURI-URI BUDAYA JAWI

Budaya jawi….
budaya kang prayogi…
budaya kang edi peni
budaya kang dadi bungahing ati
Para mudha-mudhi
dadiya tiyang kang ngalemke ati
ayo padha nguri-uri budaya
kang kaesti
Manika warna budaya jawi
heh... para sesepuh duduhana
macapat kang dadi tinembang
wayang kang dadi kesenian
bathik kang dadi simbol nagari
Aja nganti kabeh iku sirna
apa maneh direbut negari liya
ayo padha dilestarikana

                                    Dening : Rossy Chandra H / 07430560 / 6L


KETOPRAK

Jaman saiki ketoprak wis meh pejah
akeh sing padha sing nyepelekake ketoprak
ketoprak minangka kabudayan jawa
awit jaman semana uga wis dadi tradisine
wong jawa….
nanging saiki endi kabudayan ketoprak kang wis dadi
tradisine wong jawa ?
kabeh wis owah, saiki wis dadi jaman modern
lakune kita anggone kudu bisa njaga lan nglestarikake
nanging endi kasile lan kepeduliane kita marang
budaya jawa….
mula ayo kanca kabeh padha seneng marang kabudayan
jawa iku, kang duweni tradisi jawa yaiku ketoprak…

                                    Dening : Kurnianingsih / 07430549 / 6L


BUDAYA JAWI

Rerangkene swara gamelan kang edi
binarungan sekar macapatan
sulistyaning paraga panggambyong
lincahe para dhalang nguripake wayang
tepa sliraning bebrayan
tansah kurmat kinurmatan
budaya jawi
pancen ngedab-edabi

                                    Dening : Hanifudin / 07430019 / 6L


SWARA GAMELAN

Sayuk-sayuk dak rungokake
sayuk-sayuk dak rasakake
saya suwe…
saya nyengsemake
saya suwe…
nggugah rasa ing ati iki
apa sejatine swara iku ?
swara kang bisa....
agawe suka
swara kang bisa
nggugah ing rasa
saka sisih wetan dak rungokake tenanan
apa kang sejatine lagi dumadi
swara…..
swara kang tenanan
swara….
swara gamelan

                                    Dening : Ani Ngudiasih / 07430526 / 6L


GAMELAN

Musik gamelan sing kepenak
kepenak dirungokake
kepenak dirasakake
luwih kepenak ditabuh
Nabuh gamelan iku kudu dirasakake
nabuh gamelan kudu ngerti carane
carane nabuh boning, kenong lsp..
gamelan ya gamelan
Nabuh gamelan dadi wong seneng
bisa dadi wong ora seneng
gamelan iku sing ditabuh wong jawa lan liyan
mangga padha nabuh gamelan
supaya ora ilang kabudayan jawa

                                    Dening : Mukhlisudin S / 07430552 / 6L


NONTON WAYANG

Nalika wayah wengi
pas rembulane mesem
ning anganku mesti rak bakalan udan
banjur aku metu saka omah
amarga ana tontonan
aku penasaran karo tontonane
banjur aku takon karo wong-wong
jebule ana tontonan wayang
aku mlaku nyedaki tontonan kuwi
atiku batin….
jane wayang iku apa ta ?
apa ta apike wayang iku ?
kok ana sing nglakokake, ana sinden lan
ana sing nabuh gamelan ?
wayang ya ditindakake ing wayah
wengi tekan esuk
yen ngono aku kudu nonton
nganti sakbibare wayang oh….jebul wayang salah
sijine kabudayan jawa

Dening : Elya Asri Kusumawati / 07430539 / 6L


RINGGIT

Ringgit
lelakone ringgit
ora beda karo lelakone manungsa
ana sing ala
lan ana uga kang becik

Ringgit
kalakokake dening dalang
uga manungsa
kalakokaken dening gusti maha kuwaos

Ringgit
kacipta dening manungsa
nanging saiki manungsa kang
kudu anuladha marang sifate

Ringgit
sifat kang becik, prayogi lan utama

Ringgit
budaya kang minulya
kanthi tuladha sifat manungsa

Dening : Widhia Setyorini / 07430048 / 6L


KABUDAYAN

Kabudayan
kabudayan jawa wis arep uwal
amarga pemudhane ora padha seneng lan lali
lali karo mbah buyute
sing ninggali kabudayan maneka warna
maneka warna alat musike
maneka warna seni tarine
maneka warna lagu lan syaire
maneka warna pamikire
pamikire kang bisa kanggo falsafah urip
uripe wong jawa ing donya
nanging saiki wis luntur, ilang
kependem lemah
arep tak dudah maneh
arep tak ngrembuyungake
ben kabeh padha ngerti
yen ing tlatah jawa
ana kabudayan
maneka warna
                                    Dening : Ari Armanto / 07430529 / 6L




            Wong jawa ora duwe budaya
Urip ning dunya
tansah budi daya
budi bawa leksana
aja mung prinsip
adigang, adigung, adiguna
ndadekna manungsa pada cilaka
pimpinan, pejabat pada srakah
ndadekake rakyat pada susah
            Budidaya jawa ora pada digawa
            tuladha bocah ora tau bisa karma
jare kelakuane kaya setan
rambute semiran abang
niru preman alas roban
            terus…pada ning ndi budaya jawa iki
diluru ora ketemu
dak takoni ora ngerti
ndelik ning ndi budaya jawa iki
Dak takon… siswa jurusan basa jawa
ana wayang malah pilih nonton ndangdutan
ora ketoprak, malah jare …turu liweh kepenak
sing tuwa ora ndadekake tuladha
sing mudha, suwe-suwe tan saya ndadra
Mula, pada kuliah ing jurusan basa jawa
golek ilmu budaya asli jawa
ikip pgri semarang takseh nrima siswa
apa meneh jurusan basa jawa
dipun wucal kaliyan dosen suyitno
supaya siswa nggadahi budaya
lan semana uga kabeh pada deduoga
supaya kathah ingkang katrima
ing jurusan basa jawa

Dening : Arif Darmawan/07430530/6L





Adat jawi
Angger kawula mudha
aja pisan cethek ing rasa pangrasa
katawur gebyar kedonyan
temah lali tuking upacara adat
            Upacara kang kanggo panglipure ati
            upacara kang disakralake dening nenek moyang
            upacara kang dianakake setaun sepisan
            upacara kang dianakake ing wulan mulud
            upacara iku inggih punika sedekah bumi
Sedekah bumi ora mung tolak balak
uga dudu, upacara kenegaran
apa meneh upacara priyai
luwih saka iku, ya ngger
            Ngger…
            sedekah bumi yaiku upacara adat
            upacara kanggo ngurmati para leluhur
            leluhur kang sampun seda

Dening : Eri Setiawan/07430540/6L


            Jaran kepang
Jaran kepang…
rambute kang abang
kaya setan alas roban
mlayune kang banter
uga mangane kembang, ketan, lan menyan

Jaran kepang uga budaya jawi
mligine wong kang pada ngajari
akeh wong sakiki kong ora ngajari
marang kang wong tuwane
mawa basa jawa ugi basa karma
sing ana ing donya
mula kabeh manungsa kudu duwe badaya
supaya ora gelo, nek di aku negara liya
ayo pada sedaya pada nguri-uri budaya jawa

                                    Dening :  Dedi Suhada/07430533/6L



            Ringgit
Ringgit…
agelar ing wayah mbengi
awit suimurupe ratri nganti tumekaning pajar
kairing gamelan sarta lelagoning tembang
dipandhegani sang dalang                                                                 
ringgit…
wose ngemu dedalaning urip
nggambarake wewataking manungsa
ngawrat pitutur lan amanat
ringgit…
minangka sawijining budaya
kang kudu diuri-uri
supaya lestari lan ngrembaka
aja nganti ilang
amarga ewah gingsring jaman

                                    Dening:  Aisyatul Rohyanti/07430524/6L



           
            Karawitan
Karawitan…
kaendahanmu ora nate luntur
mung sedela katutup rereged
lelagon jaba sapirang-pirang
nutup kabeh cahya benderang
            Karawitan…
kaendahanmu ora nate luntur 
dening owah gesere kahanan
dening modern jaman
Aku mung pepesen
aja nganti sumingkir
saka rejaning jaman edan
sanadyan bledeg ngampar-ngampar
angin nrejang-nrejang
unenmu kudu moni endah ing awing-awang
                       
                                    Dening : Anita Dharmawanti/07430528/6L



            Gending
.2.3.2.3 .1.2.3.2
.3.5.6.5  .4.2.1.6
Gamelan wiwit ditabuh
sakiki gilirane nabuh gedhing jamu-jamu
boning, saron, demung, peking,
kenong, slenthem, kendang lan gong
wis dadi siji
kabeh dadi swara dhewek-dhewek
boning miwiti bukaning gendhing
kabeh ditabuh kanthi swara kang apik
swara kang bisa tentreming ati iki
pancen ora dinyana
saking pirang-pirang tabuhan mau
bisa gawe laras kang enda
laras kang bisa gawe uripe wong jawa

                                    Dening : Nafhatul Miskiah/07430554/6L



Wong jawa
Yen ana sing kandha
sapa kang paling luhur budi pakertine
ngajeni sing kudu diajeni
ngerti sing kudu dingerteni

Yen ana sing kandha
sapa kang duweni sesanti
ajining dhiri saka lathi
ajining raga saka ing busana

Yen ana sing kandha
dadi wong iku aja rumangsa bisa
nanging dadia wng sing bisa rumangsa
ora dudu ora liya iku wong jawa

                                    Dening : Tarini/07430567/6L




Kraton Surakarta
Dak sawang pancen endah
dak sawng pancen nyenengake
bangunan kang ngadeg kuwi
saka kadohan katon edi peni

Kraton Surakarta
radya pustaka arane
ing kene dadi seksi bisu
tinggalane leluhurku

Akeh barang kapustakan ing kene
kabudayan tinggalane leluhurku
ayo kanca pada ngertia
nguri-uri budaya jawa

Rumatana tinggalane leluhurku iki
aja nganti ilang kepidhak jaman
kanggo sangu urip bebrayan
ing masyarakat agung

Nilai bedaya jawa
akeng mupangate kanggo manungsa
supaya gawe ati tentrem
tansah eling marang gusti

                                    Dening : Mulyani/07430553/6L





Lakuku
Lakune sakiki an ngendi?
kabeh kaya wis lali
nang ndi wae wis ora ana tata kramane
ing omah ing dalan
ing toko ing kantor
ora lanang ora wadon
ora gedhe ora cilik
ora tuwa ora enom
uga ora ing kutha
uga ora ig desa
kabeh ngumbar lakune
ora isin yen ditonton wong akeh
kabeh kuwi ya wong jawa

                                    Dening : Irsad Mustaqim/07430547/6L





            Nasib Budayaku
Elnga…
nalika jaman kawuri
aruming budaya jawa makantar-kantar
misuwur ing wewengkon manca
dadi pepujan ing bangsane dhewe
                        Nanging.
                        seje kahanan sakiki apa pedu limu
                        ra ana rasa asih
                        asih mring budayane dhewe
Dhuh Gusti..
menawa para leluhurku mangerteni kahanan
waspa akal dleweran
sebabe wong jawa wis ora njawani
lal marang asal usule dhewe
                        Kapriye mengko nasibmu budayaku?
                        apa lintang sumumur bakal nerangi dalanmu
                        utawa bakal sure kagerus ombyaking jaman
                        aku ora ngerti
ora ngerti
            Dening : Rekha Dewi Aryani/07430558/6L


Kabudayan Negeriku

Sumunara kaya srengenge
supaya bisa tak rasakake
supaya padh ngerti luhurmu

Duh kebudayan negriku…
sliramu kang bisa gawe teteping ati
bisa kanggo panutan lan tuntunan
gawe identitas ing  negara
nanging kenapa isih padha ngerteni kahananmu
nganti padha nglalekake sliramu
kabeh mau jalaran ana kabudayan asing kang geser sliamu

Hemm….
pancen gawe mirising ati
duh kabudayanku…
mugia sliramu bisa murub kaya geni
jembar kaya langit
padhang kaya rembulan
supaya ora bisa dilalekake
tetep jaya ing negriku

Dening  : Rohmad Wahid/07430559/6L




Sengaja

Wong sakiki padha nanging ora padha
budaya kang aji banget padha dilalkake
marang wog akeh
sing sakjane diuri-uri kanggo anak putu
dilali kelawan sengaja
sengaja sing bangeti
nganti wong manca padha saba
perlune nggrowoki pasugihan negara iki
ya aja nganaa…!!!
kang dadi warisan leluhur
awake dhewe, babrayan akeh lan pamarentah
wajib njaga marang banda iki
kang dadi titikne negara

Aja pinter yen ora keminter
aja lali yen ora sengaja lali
aja nyalahna wong sing disalahna
ruwet …!!!
ya ora apa-apa…!!!

Dening : Ahmad Miftahul Huda/07430523/6L

Komentar

Postingan populer dari blog ini

TEMBANG DOLANAN

Urutan Silsilah dalam Jawa