DINO IKU ONO PITU
JARENE WONG JOWO DINO IKU ONO PITU Dino iku ono 7 (pitu) : Maksudte PITU ugo bisa kanggo PITUTUR, PITUDUH, PITULUNGAN, PITUNGKAS, monggo sareng² disimak nggih... ? 1. SENEN : tegese ojo boSEN marang uNEN² (unen² Wong Jowo sing kang bisa kanggo tuntunan marang kauripan) 2. SELOSO : SE lakno NGAMAL MARANG SO PO² (wong ngamal iku ora pilih², ora pandang wonge sopo) 3. REBO : KE RE PO SINAU BEN ORA BO DHO (mumpung isih urip ditlateni anggone luru ilmu, mergo luru ilmu iku penting, kanggo sangune urip) 4. KEMIS : LUWIH BECIK MING KEM TINIMBANG LA MIS (ojo podho ngumbar omongan kelawan wong liyo. Luwih² ngrasani tonggo) 5. JUM'AT : JUM BUHNO LELAKON KARO KEKAREPAN / NI AT (yen nduwe niat/cita² kudu usaha/ikhtiar lan ndungo supoyo kekarepanne biso kaleksanan) 6. SABTU : IN SA P -PO MARANG B ARANG SING WIS KEWE TU (sak bejo bejane wong nglali, isih luwih bejo wong kang eling lan waspodho) 7. MINGGU : MINGG IRNO BARANG SING ALA, LAKONONO BARANG SING RAHAY U...