DINO IKU ONO PITU

JARENE WONG JOWO DINO IKU ONO PITU
Dino iku ono 7 (pitu) :
Maksudte PITU ugo bisa kanggo  PITUTUR, PITUDUH, PITULUNGAN, PITUNGKAS, monggo sareng² disimak nggih...  ? 􂘝

1. SENEN :
tegese ojo boSEN marang uNEN² (unen² Wong Jowo sing kang bisa kanggo tuntunan marang kauripan)

2. SELOSO :
SElakno NGAMAL MARANG SOPO² (wong ngamal iku ora pilih², ora pandang wonge sopo)

3. REBO :
KEREPO SINAU BEN ORA BODHO (mumpung isih urip ditlateni anggone luru ilmu, mergo luru ilmu iku penting, kanggo sangune urip)

4. KEMIS
LUWIH BECIK MINGKEM TINIMBANG LAMIS (ojo podho ngumbar omongan kelawan wong liyo. Luwih² ngrasani tonggo)

5. JUM'AT :
JUMBUHNO LELAKON KARO KEKAREPAN / NIAT  (yen nduwe niat/cita² kudu usaha/ikhtiar lan ndungo supoyo kekarepanne biso kaleksanan)

6. SABTU :
INSAP -PO MARANG BARANG SING WIS KEWETU (sak bejo bejane wong nglali, isih luwih bejo wong kang eling lan waspodho)

7. MINGGU :
MINGGIRNO BARANG SING ALA, LAKONONO BARANG SING RAHAYU (sing apik ayo podho dilakoni....

Komentar

Postingan populer dari blog ini

TEMBANG DOLANAN

Urutan Silsilah dalam Jawa